Adly Fairuz
Adly Fairuz | |
---|---|
![]() |
|
Lair | Ahmad Adly Fairuz 14 April 1987 ![]() |
Pagawéyan | aktor, penyanyi |
Taun aktif | 2006 - saiki |
Agama | Islam |
Garwa | Shireen Sungkar (putus) (2007-2010) Kalia Labitta Yudhasoka (2010-sekarang) |
Wong tuwa | H. Agus Irianto Hj. Lutfiah |
Karir
Adly dadi anak pambarep saka sadulur kang cacahé lima.[1] Adly Fairuz iku anaké pasangan H. Agus Irianto lan Hj. Lutfiah.[1] Adly Fairuz mlebu donyaning hiburan kanthi ora sengaja. [1]Nalika iku Adly lagi ngeteraké duluré casting sinetron.[1] Nalika iku Adly uga ditawani melu casting lan Adly lolos casting iku.[1] Aktingé Adly kawiwitan nalika dhéwéké main ing sinetron FTV Teman Sahabat Cinta.[1] Jenengé sangsaya misuwur sawisé Adly melu akting karo Shireen Sungkar lan Teuku Wisnu ing sinetron kang judhule Cinta Fitri. [1]Adly pancèn seneng main musik wiwit cilik.[1] Nalika diwasa, Adly Fairuz karo kanca-kancané nggawé grup band.[1] Adly bareng karo Mama Lutfiah bisa menang ing kompetisi lan entuk swara kang cacahé 147 vote, disusul Indra L Bruggman – Mama Mimi (144 vote) lan Yadi Sembako – Mama Suhana (80 vote). [1]Ing lomba iki, Adly lan ibuné kang dadi juwara.[1] Saiki Adly Fairuz uga dadi endorser Dadung, produke PT mondrian kang nduweni cirikhas sporty.[1] Endorser yaiku istilah liya saka profil image utawa dhuta saka dadung.[1] Biyasané nalika ana outlet dadung dibukak, Adly bakal teka nalika outlet iku diresmikaké. [1]Saliyané dadi endorser, Adly uga dadi modhél iklan.[1]
ليست هناك تعليقات:
إرسال تعليق